Pelajaran Bahasa Jawa
Unggah-ungguh Basa Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing kalodhangan iki ngelingake bab basa krama kang kaperang dadi loro, yaiku : 1. Basa Krama Lugu Paugerane Basa Krama Lugu, Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panggonane ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. Gunane Basa Krama Lugu, Basa krama lugu iku dienggo guneman dening : (1) wong enom marang wong tuwa, (2) wong sing lagi tetepungan anyar, (3) murid marang gurune, (4) abdi marang bendarane. Wewatone Basa Krama Lugu (1) Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladhane : Kula badhe tumbas woh-wohan kados : pelem, nanas, gedhang, kaliyan anggur. (2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake....
Komentar
Posting Komentar